Tags: Awamil

Awamil

Minggu 24 February 20:07

بسم الله الرّحمن الرّحيم
kelawan nyebut asmaning Allah kang murah ingdalem dunia turkang welas asih ingdalem akhirat belaka
إِعْلَمْ أَنَّ اْْلعَوَامِلَ فِى النَّحْوِ مِائَةُ عَامِلٍ
Weruhan sira mukhotop goer muayyan ing setuhune pirang"( sakehe) amil ingdalem ilmu nahwu iku jumlah seratus amil.
لَفْظِيَةٌ وَمَعْنَوِيَةٌ
Sewiiji ‘Amil Lafdzi Lan Kang kaping ngdo ‘Amil Ma’nawi.
فَاللَّّفْظِيَةُ مِنْهَا عَلَى ضَرْبَيْنِ. سَمَاعِيَةٌ وَقِيَاسِيَةٌ
Mangka Utawi ‘Amil Lafdzi Setengah Saking Seratus Iku tetep Ingatase Rong warna. Swiji ‘Amil Lafdzi Sama’i Lan Kang kapingdo Amil Lafdzi Qiyasi.
فَالسَّمَاعِيَةُ مِنْهَا اَحَدٌ وَتِسْعُوْنَ عَامِلاً.
mangka utawi amil lafdzi Sama’i setengah saking seratus iku swiji lan sanga puluh apane amile.
وَالْقِيَاسِيَةُ مِنْهَا سَبْعَةٌ.
lan utawi amil lafdzi qiyasi setengah saking seratus iku pitu.
وَالْمَعْنَوِيَةُ مِنْهَا اِثْنَانِ.
lan utawi amil ma’nawi setengah saking seratus iku roro.
وَتُتَنَوَّعُ السَّمَاعِيَةُ عَلىَ ثَلاَثَةَ عَشَرَ نَوْعًا.
lan den warna-warnakaken opo amil lafdzi Sama’I ingatase telung welas warna.
اَلنَّوْعُ اْلاَوَّلُ حُرُوْفٌ تَجُرُّاْلاِسْمَ فَقَط.ْْ وَهِيَ تِسْعَةَ عَشَرَ حَرْفاً .
اَلْبَاءُ وَمِنْ وَاِلىَ وَفِىْ وَعَنْ وَوَاوُاْلقَسَمِ وَبَاءُاْلقَسَمِ وَتَاءُاْلقَسَمِ وَاللاَّّمُ وَرُبَّ وَوَاوُهُ وَعَلىَ وَاْلكَافُ وَمُذْ وَمُنْذُ وَحَتَّى وَحَاشَا وَعَدَا وَخَلاَ
utawi warna" amil lafdzi Sama’i kang kaping awwal iku pirang" huruf kang ngejeraken iye huruf ing isim belaka. lan utawi iye huruf iku sanga welas apane hurufe, sewiji ب lan مِنْ lan اِلىَ lan فِىْ lan عَنْ lan و قسم lan ب قسم lan قسم ت lan ل lan ربّ lan و ربّ lan على lan ك lan مذ lan منذ lan حتى lan حَاشَا lan عَدَا lan خَلاَ).
اَلنَّوْعُ الثَّانِى حُرُوْفٌ تَنْصِبُ اْلاِسْمَ وَتَرْفَعُ الْخَبَرَ. وَهِىَ سِتَّةُ اَحْرُفٍ. اِنَّ وَاَنَّ وَكَاَنَّ وَلَكِنَّ وَلَيْتَ وَلَعَلَّ.
utawi warna" ‘amil lafdzi sama’i kang kaping do iku pirang" huruf kang ngenashobaken iye huruf ing isim lan ngerofakaken iye huruf ing khabar. lan utawi iye huruf iku nenem pirang huruf. swiji lapazd اِنَّ lan اَنَّ lan كَاَنَّ lan لَكِنَّ lan لَيْتَ lan لَعَلَّ
اَلنَّوْعُ الثَّّالِثُ حَرْفَانِ تَرْفَعَانِ اْلاِسْمَ وَتَنْصِبَانِ الْخَبَرَ وَهُمَا مَا وَلاَ الْمُشَبِّهَتَانِ بِلَيْسَ.
Utawi warna" ‘amil lafdzi sama’i kang kaping telu iku huruf roro kang ngerofakaken iye huruf roro ing isim lan ngenashabaken iye huruf roro ing khabar. Lan utawi iye huruf roro iku. Lapazd “مَا” lan “لاَ”.kang nyerupani iye huruf roro kelawan menyimpan lafadz “لَيْسَ”.
اَلنَّوْعُ الرَّابِعُ حُرُوْفٌ تَنْصِبُ اْلاِسْمَ فَقَط.ْ وَهِيَ سَبْعَةُ اَحْرُف.ٍ اَلْوَاوُ وَاِلاَّ وَيَا وَاَيَا وَهَيَا وَاَيْ وَالْهَمْزَةُ الْمَفْتُوْحَةُ.
Utawi warna" ‘amil lafdzi sama’i kang kaping papat iku pirang" huruf kang ngenashabaken iye huruf ing isim belaka. Lan utawi iye huruf iku pitu pirang" hurufe: swiji واو lan اِلاَّ lan يَا lan اَيَا lan هَيَا lan اَيْ lan hamzah kang den fathahaken.
اَلنَّوْعُ الْخَامِسُ حُرُوْفٌ تَنْصِبُ الْفِعْلَ الْمُضَارِعَ .وَهِىَ اَرْبَعَةُ اَحْرُف.ٍ اَنْ وَلَنْ وَكَيْ وَاِذًا.
Utawi warna"‘amil lafdzi sama’i kang kaping lima iku sakehe ( pirang")huruf kang ngenashabaken iye huruf ing fi’il kang mudhore’. Lan utawi iye huruf iku papat sakehe(pirang") huruf swiji lapazd اَنْ lan لَنَْ lan كَيْ lan اِذاً.
ا اَلنَّوْعُ السَّادِسُ حُرُوْفٌ تَجْزِمُ الْفِعْلَ الْمُضَارِعَ وَهِىَ خَمْسَةُ اَحْرُفٍ لَمْ وَلَمَّا وَلاَمُ اْلاَمْرِ وَلاَفِي النَّهْىِ وَاِنْ فِي الشَّرْطِ وَالْجَزَاءِ
Utawi warna" ‘amil lafdzi sama’i kang kaping nenem iku pirang" huruf kang ngejazemaken iye huruf ing fi’il kang mudhori’. Lan utawi iye huruf iku lima pirang" huruf. Swiji lapadz لَمْ lan لَمَّا lan ل اَمَرْ lan لا lngdalem nahi lan اِنْ ingdalem syarat lan jawab
اَلنَّوْعُ السَّابِعُ اَسْمَاءٌ تَجْزِمُ الْفِعْلَيْنِ الْمُضَارِعَيْنِ عَلَى مَعْنَى اِنْ، وَهِيَ تِسْعَةُ اَسْمَاءٍ مَنْ وَمَا وَاَيٌّ وَمَتَى وَمَهْمَا وَاَيْنَ وَاَنَّى وَحَيْثُمَا وَاِذْمَا
Utawi warna" ‘amil lafdzi sama’i kang kaping pitu pirang" isim kang ngejazemaken iye isim ing fi’il roro kang mudhori’ sakarone ingatase menyimpen ma’na “in” اِنْ . lan utawi iye isim iku sanga (9) pirang" isime, Siji lapazd مَنْ lan مَا ا lan اَيٌّ lan مَتَى lan Siji مَنْ lan مَا ا lan اَيٌّ lan مَتَى lan مَهْمَا lan اَيْنَ lan اَنَّى lan حَيْثُمَا lan اِذْمَا
اَلنَّوْعُ الثَّامِنُ اَسْمَاءٌ تَنْصِبُ اَسْمَاءَ النَّكِرَاتِ عَلَى التَّمْيِيْزِ، وَهِيَ اَرْبَعَةُ اَسْمَاءٍ اَحَدُهَا عَشَرَةٌ اِذَا رُكِبَتْ مَعَ اَحَدٍ اَوْاِثْنَيْنِ اِلَى تِسْعَةٍ وَتِسْعِيْنَ نَحْوُ رَاَيْتُ اَحَدَ عَشَرَكَوْكَبًا وَاِثْنَى عَشَرَ وَارِثًا وَثَلاَثَةَ عَشَرَ رَجُلاً اِلَى اَخِرِهِ وَثَنِهَا كَمْ وَثَالِثُهَا كَاَيِّنْ وَرَابِعُهَا كَذَا.
Utawi warna"‘amil lafdzi sama’i kang kaping welu iku pirang" isim ang ngenashabaken iye isim ing pirang" isim nakirohi ingatase dadi tamyiz, lan utawi iye isim iku papat pirang" isim.utawi salah swijine papat iku lafadz عَشَرَةٌ tetkalane de susun iye lafadz عَشَرَةٌ sumertane lafadz اَحَدٍ atawa lafadz اِثْنَيْنِ tumakemaring lafadz تِسْعَةٍ lan تِسْعِيْنَ iku seumpane lafadz رَاَيْتُ اَحَدَ عَشَرَكَوْكَبًا = wis ningali isun ing sewelas lintang. وَاِثْنَى عَشَرَ وَارِثًا = lan rolang welas ahli waris. وَثَلاَثَةَ عَشَرَ رَجُلاً = lan telung welas wong lanang Tumakemaring akhire isim ‘adad. lan utawi kang kaping done papat iku lafadz كَمْ lan utawi kang kaping telune papat iku lafadz كَاَيِّنْ lan utawi kang kaping papate papat iku lafadz كَذَا.
اَلنَّوْعُ التَّاسِعُ كَلِمَاتٌ تُسَمَّى اَسْمَاءَاْلاَفْعَالِ بَعْضُهَا تَنْصِبُ وَبَعْضُهَا تَرْفَعُ وَهِيَ تِسْعُ كَلِمَاتٍ اَلنَّاصِبَةُ مِنْهَا سِتُّ كَلِمَاتٍ رُوَيْدَ وَبَلْهَ وَدُوْنَكَ وَعَلَيْكَ وَهَاءَ وَهَيْهَالَ اَلرَّافِعَةُ مِنْهَا ثَلاَثُ كَلِمَاتٍ هَيْهَاتَ وَشَتَانَ وَسَرْعَانَ.
Utawi warna" ‘amil lafdzi sama’i kang kaping sanga iku pirang" kalimah kangden arani iye kalimat ing isim bima'na fi’il. Utawi setengah kalimah iku ngenashabaken iyeh kalimah lan utawi setengah kalimat iku ngerofakaken iyeh kalimah . Lan utawi iye kalimat iku sanga pirang" kalimah. Utawi kang ngenashabaken setengah saking sanga kalimah
iku nenem pirang" Swiji رُوَيْد َ lan بَلْهَ lan دُوْنَكَ lan عَلَيْكَ lan هَاءَ lan هَيْهَالَ
utawi kang ngerofakaken setengah saking sanga kalimah iku telu. Siji lapazd هَيْهَاتَ lan شَتَانَ lan سَرْعَان
َ اَلنَّوْعُ الْعَاشِرُ اَفْعَالُ النَّاقِصَةِ تَرْفَعُ اْلاِسْمَ وَتَنْصِبُ الْخَبَرَ وَهِيَ ثَلاَثَةَ عَشَرَ فِعْلاً كَانَ وَصَارَ وَاَصْبَحَ وَاَمْسَى وَاَضْحَى وَظَلَّ وَبَاتَ وَمَازَالَ وَمَابَرِحَ وَمَافَتِئَ وَمَااِنْفَكَ وَمَادَامَ وَلَيْسَ وَمَايَتَصَرَّفُ مِنْهُنَّ
Utawi warna" ‘amil lafdzi sama’i kang kaping sepuluh iku pirang" fi’il naqis kang ngerofakaken iye fi’il naqis ing isim lan ngenashabaken iye fi’il naqis ing khabar. Lan utawi iye fi’il naqis iku telung welas apane fi’ile. Swiji lapazd كَانَ lan صَارَ lan اَصْبَحَ lan اَمْسَى َlan اَضْحَى lan ظَلَّ lan بَاتَ lan مَازَالَ lan مَابَرِحَ lan مَافَتِئَ lan مَااِنْفَكَ lan مَادَامَ lan لَيْسَ lan barangkang nerima ketasrif iye barang saking kabeh
اَلنَّوْعُ الْحَادِىَ عَشَرَ اَفْعَالٌ تُسَمَّى اَفْعَالَ الْمُقَارَبَةِ تَرْفَعُ اْلاِسْمَ وَتَنْصِبُ الْخَبَرَ وَهِيَ اَرْبَعَةُ اَفْعَالٍ عَسَى وَكَادَ وَكَرُبَ وَاَوْشَكَ
Utawi warna"‘amil lafdzi sama’i kang kaping sewelas iku pirang" fi’il kangdden arani iye fi’il ing pirang" fi’il muqorobah kang ngerofakaken iye fi’il muqorobah ing isim lan ngenashabaken iye fi’il muqorrobah ing khabar. Lan utawi iye fi’il muqarabah iku papat pirang"fi’il swiji: lapazd عَسيَ lan كاَدَ lan كَرُبَ lan اَوْشَكَ
اَلنَّوْعُ الثَّانِىْ عَشَرَ اَفْعَالُ الْمَدْحِ وَالذَّمِ تَرْفَعُ اْلاِسْمَ الْجِنْسَ اَلْمُعَرَّفَ بِاْلاَلِفِ وَاللاّمِ وَالْمَخْصُوْصَ بِالْمَدْحِ وَالذَّمِ وَهِيَ اَرْبَعَة افعال.ُ نِعْمَ وبِئْسَ وسَاءَ وحَبَّذَا
Utawi warna" ‘amil lafdzi sama’i kang kaping rong welas iku pirang" fi’il pengalem lan fi’il penacad kang ngerofaaken iye fi’il pengalem lan penacad ing isim kang jenis kanden ma’ripataken kelawan alif lan lam lan kangden tangtukan kelawwan fi’il pengalem lan penacad. Lan utawi iye fi’il pengalem lan penacad iku papat pirang" fi'ile. sewiji نعم بِئْس lan ساء lan حبذا
اَلنَّوْعُ الثالث عشر افعال الشك واليقين تدحل على اسمين ثانيهماعبارةعن الاوّل وتنصبهما جميعا على المفعولين وهي سبعة افعال حسبت وخلت وظننت ورايت وعلمت ووجدت وزعمت
Utawi warna"‘amil lafdzi sama’i kang kaping telung welas iku pirang" fi’il syak lan yakin kang manjing fi'il syak lan fi'il yakin ingatase isim roro kang utawi kang kapiingdone ismain(isim roro) iku dadi ibarat saking kang awal lan ngenashobaken fi'il syak lan fi'il yakin hale ragem ingatase dadi maf’ul roro lan uutawi iye fi’il syak lan yakin iku pitu pirang" fi’ile. swiji lapazd حسبت lan خلت lan ظننت lan رأيت lan علمت lan وجدت lan زعمت.
والقياسية منها سبعة
Lan utawi amil lafdhi qiyasi setengah saking satus iku pitu
احدها الفعل على الاطلاق
Utawi salah sijine pitu iku fi’il ingatase fi'il ithlaq.
وثانها اسم الفاعل
Lan utawi kang kapingdone pitu iku isim fa’il
وثالثها اسم المفعول
Lan utawi kang kapiingtelune pitu iku isim maf’ul
ورابعها الصّفة المشبّهة
Lan utawi kang kapping papate pitu iku shifat kang musyabbihat
وخامسها اسم المصدر .
lan utawi kang kaping limane pitu iku isim mashdar .
وسادسها كل اسم اضيف الى اسم اخر
Lan utawi kaping neneme pitu iku saban-saban isim kangden idhopataken iye isim maring isim kang weweneh .
وسابعها كل اسم تم فاستغنى عن الاضافة وهو يقتضى تمييزا لابهامه.
Lan utawi kang kaping pitune pitu iku saban-saban isim tam mangka ngeprih sugih iye isim tam saking idlofat lan utawi iye isim tam iku natrapi iye isim tam ing tamyiz karna samare isim tam
والمعنوية منها عددان
Lan utawi amil ma’nawi setengah saking seratus iku bimbilangan roro
العامل فى المبتداء والخبر وهو الابتداء
Swiji amil ingdalem mubtada lan khobar lan utawi iye amil iku ibtida'
والعامل فى الفعل المضارع وهو وقوعه موقع الاسم نحو زيد يضرب فى موضع زيد ضارب
Lan kang kapingdone amil ingdalem fi’il kang mudhori’ lan utwi iye amil iku tumibane fi’il ing inggon tumibane isim iku seumpane lafadz زيد يضرب (utawi zaid iku lagi mukul iye zaid) ingdalem panggonan lafadz زيد ضارب (utawi ki zaid iku kang mukul)
فهذه مائة عامل. لايستغنى منها الصّغير والكبير والرّفيع والوضيع عن معرفتها واستعمالها في معمولاتها واوردنا بيانها على طريق الحساب والعدد المقسوم
Mangka utawi ikilah iki iku jumlah seratus amil kang oranana ngeprih sugih saking seratus amil sopo wong bocah cilik lan wong KAng gede lan wong kang luhurr pangkate lan wong kang hanndap derazate saking ngewweruhi seratus amil lan nganggone seratus amil ingdalem ma' mule seratus amil lan ngarepaken kita ing mertelakaken seratus amil ingatase dadalan itung-itungan lan bimbilangan kangden dum.
وبالله التّوفيق. والله اعلم بالصّواب
Lan iku tetep kelawan Allah utawi jaluk pitulung. lan utawi Allah iku lewih uninga kelawan sebener sebener .
Ijazah dari guru saya ustad abdurrohim krmat pakuhaji- ki abad( kiyai badrudin)- abuya salam- abuya siddik- syekh nawawi selikur mandaya- syekh abdul hamid.

Back to posts
Comments:

Post a comment

panel
waplog
CopyRight © 2010
cileuksa wap


Lamborghini Huracán LP 610-4 t